Upacara Ngudhunake Sang Dwi Warna ing Lapangan Bantheng

Administrator 18 Agustus 2017 13:39:07 WIB

GadingsariNews – Upacara ing umumipun ngginakaken aba-aba basa Indonesia, ananging beda kaliyan upacara ingkang badhe dipunadani wonten ing Dusun Wonorejo II menika. Sedaya warga kagungan "ide baru" kangge upacara wonten ing wekdal samangke, inggih kanthi upacara adat jawa. Sedaya aba-aba ngginaken basa jawa. 

Kemis (17/07/2017) Dusun Wonorejo II ngawontenaken kagyatan Upacara Ngudhunake Sang Dwi Warna. Kagyatan menika dipunwiwiti tabuh 16.00 mapan wonten ing Lapangan Bantheng (SD Rojoniten). Para pasarta upacara ngagem busana adat jawa. Ingkang kadhapuk minangka Pangrekso Tomo Upacara inggih menika Bapak Yatijo, dene ingkang dados pangarsaning upacara inggih Bapak Supriyanta. Para pangarsaning barisan inggih menika Ketua RT 01, Ketua RT 02, Ketua RT 03, Ketua RT 04, Ketua RT 05. Ketua RT 06, lan Ketua RT 07.

Pratandha wiwitaning upacara inggih gending pambuka ingkang dipunasta kaliyan grup karawitan Dusun Wonorejo II. Upacara paripurna watawis tabuh 16.30 kalajengaken atur pambagyaharja saking Pemerintah Desa Gadingsari.

“Pemerintah Desa Gadingsari ngaturaken apresiasi dhumateng sedaya warga masyarakat Wonorejo II ingkang sampun ngawontenaken kagyatan Upacara Ngudhunake Sang Dwi Warna. Kagyatan menika saged kangge patuladhan dusun-dusun sanes wonten ing Desa Gadingsari,” ngendikanipun Jakirman, Kasi Pelayanan Desa Gadingsari.

Sakbibaripun upacara sedaya masyarakat mendhet gendera alit lejeng sami sorak- sorak kairingan lagu “Gebyar-Gebyar” saking Coklat ingkang dipunyanyekaken kaliyan Koor Pemuda-Pemudi Dusun Wonorejo II. 

Komentar atas Upacara Ngudhunake Sang Dwi Warna ing Lapangan Bantheng

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Komentar
Isikan kode Captcha di atas
 

Website desa ini berbasis Aplikasi Sistem Informasi Desa (SID) Berdaya yang diprakarsai dan dikembangkan oleh Combine Resource Institution sejak 2009 dengan merujuk pada Lisensi SID Berdaya. Isi website ini berada di bawah ketentuan yang diatur dalam Undang-Undang Republik Indonesia Nomor 14 Tahun 2008 tentang Keterbukaan Informasi Publik dan Attribution-NonCommercial-NoDerivatives 4.0 International (CC BY-NC-ND 4.0) License